Senin, Februari 09, 2009

Lagu - Lagu Dolanana Jawa Tengah

CUBLAK-CUBLAK SUWENG
cublak cublak suweng..
suwenge ting gelenter..
mambu ketundung gudel
pak empong lera-lere
sopo ngguyu ndelikkake
sir-sir pong dhele gosongsir
sir pong dhele gosong

Sluku-sluku bathok
Sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si romo menyang solo
oleh-olehe payung moda
tak jenthir ololobah
wong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip nggoleko dhuwit

Gotri nagasari
gotri legendri nogosari,
ririwul iwal- iwul jenang katul,
tultulen olen-olen dadi manten,
tentenono mbesuk gedhe dadi opo,
popodheng mbako enak mbako sedeng,
dengdengklok engklak-engklok
koyo kodok

Dayohe Teka
Ei.., dayohe teko,
Ei..,Ei.. jerengno kloso,
Ei.., klosone bedah,
Ei..,Ei.. tambalen jadah,
Ei.., jadahe mambu,
Ei..,Ei.. pakakno asu,
Ei.., asune mati,
Ei..,Ei.. guwangen kali,
Ei.., kaline banjir

Te Kate Dipanah

Te kate dipanah
Dipanah ngisor gelagahAna
manuk konde-onde
Mbok sirbombok mbok sirkate
Mbok sirbombok mbok sirkate

Gek kepriye
Duh kaya ngene rasane
Anake wong ora duwe
Ngalor ngidul tansah diece
Karo kanca kancane
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe

Pitik Tukung
Aku duwe pitik pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gok petok petok ngendok pitu
Tak ngremake netes telu
Kabeh trondol trondol tanpa wulu
Mondol mondol dol gawe guyu

Ilir-ilir
Lir ilir..lir ilir..tanduré wus sumilir
Tak ijo royo­royo..
taksengguh temantèn anyar
Cah angon.cah angon..
pènèkké blimbing kuwi ,
Lunyu-lunyu ya pènèken
kanggo masuh dodotira
Dodotira dodotira
kumitir bedhah ing pinggir
Dondomana jlumatana
kanggo séba méngko soré
Mumpung padhang rembulané
Mumpung jembar kalangané
Ya suraka..surak horéé

Menthok – menthok
Menthok menthok tak kandhani
Saksolahmu angisi-isini
Mbok ya aja ngetok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok ora nyambut gawe
Menthok-menthok mung lakumu
Megal-megol gawe guyu

Kupu Kuwi
Kupu kuwi tak encupe
Mung abure ngewuhake
Ngalor-ngidul
Ngetan bali ngulon
Mrana-mrene mung sak paran-paran
Mbokya mencok tak encupe
Mentas mencok clegrok
Banjur mabur kleper

Cempa
Cempa rowa
Pakananmu apa rowa
Tuku gendhing ndhing ndhing ndhing
Rowang rawing wing wing wing
Bong kecebong jarane jaran bopong
Sing nunggangi Semar Bagong
Ecrek-enong ecrek-egung
ecrek-enong ecrek-egung

Jago Kate
Jago kate te te te
Kukukluruk … kok
Amecece ce ce ce
Kukukluruk
Dibalang watu bocah kuncung
Keok … kena telehe
Njranthal … pelayune
Mari umuk mari ngece
Si kate katon nyekukruk

PADANG MBULAN
Yo, poro konco dolanan ning jobo
Padang mbulan, padange koyo rino
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelingake ojo podo turu sore

JAMURAN
Jamuran... jamuran...
ya ge ge thok...jamur apa
ya ge ge thok...Jamur payung,
ngrembuyung kaya lembayung,
sira badhe jamur apa?



KODOK NGOREK
Kodok ngorek kodok ngorek
ngorek pinggir kali
teyot teblung teyot teblung
teyot teyot teblung
Bocah pinter bocah pinter besuk dadi dokter
bocah bodho bocah bodho besuk kaya kebo

KIDANG TALUN
Kidang talun
mangan gedang
kethemil...mil kethemil...
si kidang mangan lembayung

DONDHONG APA SALAK
dhondhong apa salak dhuku cilik
apa mbecak mlaku thimik thimik
adhik ndherek ibu tindak menyang pasar
ora pareng rewel ora pareng nakal
mengko ibu mesthi mundhut oleh-oleh
kacang karo roti adhik diparingi

PITIK TUKUNG
Aku duwe pitik, pitik tukung..

saben dina, tak pakani

gogok petok petok ngendhog siji,

tak teteske...kabeh trondhol..dhol..dhol..

tanpa wulu..megal-megol.. gol.. gol.. gawe guyu...



JARANAN

jaranan-jaranan...

jarane jaran teji

sing numpak ndara

ngiring para mantri

jeg jeg nong..

jeg jeg gung

prok prok turut lurungge

debug krincing gedebug krincing

prok prok gedebug jedher



GUNDHUL-GUNDHUL PACUL

Gundhul gundhul pacul cul,

gembelengan

nyunggi nyunggi wakul kul,

petentengan

wakul ngglimpang, segane dadi sak latar

wakul ngglimpang, segane dadi sak latar


MENTHOK-MENTHOK

Menthok, menthok, tak kandani mung lakumu,

angisin-isini mbok yo ojo ngetok,

ono kandhang wae enak-enak ngorok,

ora nyambut gawe

menthok, menthok ...

mung lakukumu megal megol gawe guyu



GAMBANG SULING

Gambang suling,

ngumandhang swarane

tulat tulit, kepenak unine

uuuunine.. mung..nreyuhake

ba-reng lan kentrung ke-tipung suling,

sigrak kendhangane



SUWE ORA JAMU

Suwe ora jamujamu godong tela

suwe ora ketemuketemu

pisan gawe gela



TAK LELO LELO LEDUNG

tak lelo lelo lelo ledung...

cup menenga aja pijer nangis

anakku sing ayu rupane

nek nangis ndak ilang ayune

tak gadang bisa urip mulyo

dadiyo wanita utomo

ngluhurke asmane wong tua

dadiyo pendekaring bangsa

cup menenga anakku

kae bulane ndadari kaya ndas butho
nggilaniagi nggoleki cah nangis
tak lelo lelo lelo ledung
cup menenga anakku cah ayu
tak emban slendang batik kawung
yen nangis mudak gawe bingung
tak lelo lelo ledung..

Tidak ada komentar: